Posted by : *Cheat_Game_All in_One* Monday, November 22, 2010



 _________________________________________________
PART.1 
__________________________________________________
Pancen ribet yen nandang penggalih
Runtut tansah ndandanggula
Saben rina lan wengine
Mlampah tebih datan lesu
Andika mung anuruti ati
Luwih gampang laku sembrana
Najan margi lunyu
Tundone agawe tuna
Enggala den waspada ngati-ati
Amrih gesang mulya 
__________________________________________________
PART.2
__________________________________________________
Lir sarkara, wasianing jalmi
Ambudiya budining sasatnya
Memayu yu buwanane,
Ing reh hardaning kawruh,
Wruhing karsa kang ambeg asih,
Sih pigunane karya,
mBrasta ambeg dudu,
Mengenep nenging cipta,
Wruh unggayaning tindak kang ala lan becik,
Memuji tyas raharja (Kusw)
__________________________________________________
PART.3
__________________________________________________
Ing lelakon gesanging pra jalmi
Mulat sarira wani angrasa
Amrih padang ing uripe
Urip ing samodra gung
Gampang angel yen di lampahi
Aja pijer nggege mangsa
Gawe sakiting kalbu
Pinda prau ing samodra
Prasasat datan ana kang ngimbangi
Urip dadi tanpa guna 
__________________________________________________


{ 1 pertanyaan ... read them below or add one }

Selamat Datang

- Copyright © --- Cyber Joey --- - Cyber Joey - Powered by Blogger - Designed by Takbir Malik